Iklan Tengah Artikel 2

Materi Bahasa Jawa KLS 4 Piwulang 1 Geguritan

Geguritan diarani puisi jawa moderen. Diarani puisi jawa modheren amarga ora keiket weweton kayanya guru gatra, guru lagu, apadene guru wilangan. Dene tetembungane milih kang mathis lan ngemu rasa. Maka geguritan beda karo maca liang. Maca geguritan kudu dibarengi kanthi rasa pangrasa utawa penjiwaan. Urut-urutane yaiku

1. Diwaca ing batin putih dhisik.
2. Dimangerteni tetembungane lan digoleki tegese kembung-kembung kang angel
3. Dimangerteni lan dipahami isining geguritan
4. Diwenehi tandha endi kang kudu diwaca cendhak, dawa, utawa kang kudu diwaca seru lan alon, dhuwur utawa cendhek
5. Sawise paham lan gamblang lagi diwaca kanthi "ekspresi" kang cocog

Geguritan iku asli karya sastra. Basa kang digunakake ana ing geguritan yaiku basa kang endah. Penulisan ukura  ing kono ora kudu nganggo kaugeran-kaugeran kang gumathok. Geguritan beda karo tembang. Pamacane tembang kanthi dilagkake. Wondene geguritan pamacane kudu trep cetha. Tujuane lupaya sing ngrungokake mudheng isine.

Tembung geguritan linggane gurit, tegese tulisan utawa karangan. Nggurit ategesngripta/ngarang geguritan.

Cara maca geguritan

Maca geguritan ora angger nggunakake ukara. Ora pada karo maca lumrah. Sing dikarepake anggone maca dikantheni rasa sedih, seneng, greget, lan sapunanggalane, iku gumatung swasanane geguritan kuwi. Maca geguritan nganggo lafal, intonasi, ekspresi, lan gerture sing pas.

Lafal : cetha orane ngucapake aksara utawa tembung. Upamane ngucapake "ta" beda karo "tha" beda karo "wedhi"

Intonasi :  mungah mudhune, seru lirihe, dawa cendhake swara nalika maca. Umpamane ngucapake tembung memelas beda karo ngucapake tembung seneng.

Maca batin
Geguritan ing ngisor iki ayo diwaca batin !

Puspa saking keng putra
Harum sunya iswara

Ibu ....
Kula putra panjenengan
Marak sowan
Wonten ing dinten punika
Dinten tanggep warsa panjenengan

Ibu ....
Kula dereng saget bekti
Namung satunggal putra
Saking keng putra
Mugi saget ngrenggani
Manah panjenengan

Ibu ...
Sampun sekawan dasa tahun
Yuswanipun ibu
Kula keng putra
Namung saget ndonga
Mugi ibu panjang yuswa

Baca juga : siksa bagi orang berdusta di akhirat 
Show Comments

Bottom Ads